Pidato bahasa jawa perpisahan kelas 6

Adalah Kunci Jawaban Soal Ujian Tentang Pidato bahasa jawa perpisahan kelas 6

Assalamu’alaikum wr. wb

Ingkang kinurmatan Bapak Kepala Sekolah ugi Bapak – Ibu Guru ingkang satuhu luhuring budi lan rencang – rencang kelas 6 ingkang kula tresnani.

Monggo kito sedaya ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti ingkang maha Agung ingkang sampun maringaken sedoyo nikmat lan kewarasan dateng kito sedoyo dumugi sakmeniko kito sedaya saged kempal wonten ing adicara perpisahan sak manika.

Kula, wakil saking rencang – rencang kelas 6 ngaturaken maturnuwun ingkang sak ageng-agengipun kagem Bapak / Ibu Guru ingkang sampun mbulawantah kulo lan sak konco-konco dateng pawiyatan menika ingkang dangunipun enem warsa.

Mboten keraos kolo lan rencang sebrayat sampun ngelampahi ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan mriki. Wonten ing adicara menika, kulo kiyambak tuhu rencang – rencang nyuwun agenging pangapunten sangking Bapak / Ibu guru amargi wonten ing enem warso ngangsu kawruh wonten pawiyatan mriki kulo lan sak rencang mebo menawi gadhah kalepatan ingkang dipun sengojo lan mboten disengojo. Mugi – mugi Bapak / Ibu guru kerso ngapuntenaken sedoyo kelepatan kulo lan rencang – rencang.

Kadosipun sampun cekap anggenipun kulo matur. Bilih menawi wonten kalepatan kulo nyuwun agenging pangapunten.

Wasslamu’alaikum wr. wb

Demikianlah Jawaban Soal Sekolah Tentang Pidato bahasa jawa perpisahan kelas 6 Semoga Membantu.

Baca Juga  Surat an nashr menceritakan tentang